Jumat, 29 Desember 2017

Contoh Pidato Perpisahan Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang dhahat kinabekten lan kanca-kanca kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun maringaken  rahmat lan hidayahipun dhateng kito sedoyo saengga kito saged makempal wonten ing adicara perpisahan menika.

Kula wakil saking siswa kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo sak kanca ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kula lan kanca-kanca sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo lan kanca-kanca nyuwun agenging pangapunten kagem Bapak / Ibu guru menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken kita sedaya.

Satuhunipun kulo sak kanca awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan kanca - kanca kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Dhahar kupat kaliyan santen  menawi wonten kalepatan kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Contoh Surat Lamaran Pekerjaan

                                                                                                  Wonogiri, 07 Agustus 2017 Hal : Lamar...